CLICK HERE FOR FREE BLOGGER TEMPLATES, LINK BUTTONS AND MORE! »
Glitter Graphics | http://www.graphicsgrotto.com/

Selasa, 04 September 2012

Arum


Arum
Ijo royo-royo
Ron-ron panyaringe srengenge
Angrias sekolahku
Kembang-kembang kang arum
Kaya arume sekolahku ing jaba kana
            Esuk repet-repet
            Para siswa mangkat golek ngelmu
            Kanthi ikhlas legawaning ati
            Eling marang Gusti yen ilmu iku ujubing pekerti
 Sekolahku kang asri
Misuwur ing ngendi-ngendi
Bocah sregep, anggayuh impi
Guru sae budi pekerti
            Ayo wiwit iki obah lan gumregah
            Dudah ben jumangkah
            Anggayuh impi lan prestasi
            Kanggo aruming sekolah kang dak tresnani