Arum
Ijo
royo-royo
Ron-ron
panyaringe srengenge
Angrias
sekolahku
Kembang-kembang
kang arum
Kaya
arume sekolahku ing jaba kana
Esuk repet-repet
Para siswa mangkat golek ngelmu
Kanthi ikhlas legawaning ati
Eling marang Gusti yen ilmu iku
ujubing pekerti
Sekolahku kang asri
Misuwur
ing ngendi-ngendi
Bocah
sregep, anggayuh impi
Guru
sae budi pekerti
Ayo wiwit iki obah lan gumregah
Dudah ben jumangkah
Anggayuh impi lan prestasi
Kanggo aruming sekolah kang dak
tresnani
0 komentar:
Posting Komentar